Sebuah cerpen berjudul "Usahaku"
Usahaku
Adzan subuh wis muni, lan aku langsung tangi. Sakwise
shalat subuh, aku banjur ganti klambi lan lanjut olahraga esuk. Mau mbengi ning
desaku udan deres banget, mula esuk iki udarane katon adem nangin nentremake ati, ditambah ora ono polusi
udara, nambah atiku saya bungah.
Saklawise
olahraga, jam 6 esuk aku banjur bali. Amarga dina iki dina minggu, aku lan
kanca-kancaku banjur pit-pitan ngubengi kota. Rutinitas ing kotaku saben dina
minggu mesti ana dina bebas kendaraan bermotor, namung pit lan kendaraan anti
bermotor sing oleh digunakake. Rutinitas iki nduweni tujuan kanggo ngirangi
polusi udara sing iso ndatangake penyakit.
Jam
8 esuk aku lan kanca-kancaku banjur bali. Ora sengaja ing dalan weruh
bapak-bapak lagi kerja baktu ngresiki desa, aku lan kanca-kancaku banjur melu
tetulung kerja bakti ngresiki sampah sing nyumbat selokan. Sakliyane iku, kerja
bakti dina minggu iki kaliyan nandur wit-witan ijo, supaya ndesaku tambah katon
ijo royo, ora keno banjir, lan tambah asri.
Tibakno aku keroso onok seng teles langsung aku gragap
tangi. Tibakno aku mimpi koyok rogo sukmo
sing sukmoku koyok nak masa lalu tapi kau keroso lek mimpi kuwi koyok
nyata, tibakno pas ngeresiki omahku aku iling critane mimpiku persis koyok pas
cilianku. Malah aku bingung tokoh seng tak impeni iku kok yo pas koyok asline.
Mimpi kui koyok nampar aku koyok seng kedaden banjer saiki seng nak daerahku
kekurangn wit witan ijo ijo, ora onok nek seng jeneng kerja bakti,lan aku
ngeroso daerah iki wes berubah
Aku miwiti gerak kudu nyalemtne daerahku karo numpulake
masyarakat lan ngajak rapat supoyo daerah iki ora banjir maneh. Aku tergerak
ngusulne nandur wit witan seng di tandur nak ngarep omah gae resapan. Lan aku
kudu kudu nagjak masyarakat mbenakake perairan sing nak daerahku supoyo selokan
seng digunakake optimal lan ora banjir. Aku nglakoni iki amergo atiku keno tampar soko mimpiku mau
Nanging
sadurunge gerkanku seng tak lakuni kui mau ora selancar seng tak karepne amergo
ora onok kesadaran ning masyarakat lan onok masyarakat/oknum
seng ngangep aku ngerugekne wonge. Sebab iku raiku dadi abang tapi aku kudu
ngedem atiku ben ora onok
penolakan seng luwih parah
Saben aku
mromosekne seng tak karepno onok seng jenenge peneroran nang aku terus teruan
onok penolakan seng nyebane aku onok kerugian marang keluargaku seng garai
keluargaku urip ora nyaman seng urip ora di karepne keluargaku mulo iku atiku dadi pedih lan sakbendino ati cilikku saben dino ung ngucapne
sepuro marang keluragaku
Tapi aku ora pasrah aku kjaluk perlindungan
marang polisi/pemerintah teteapi aku ora entuk balasan blas marang pemerintah
lan sawijining dino aku ketemu wong
seng benci aku soko gerakanku wi mau nyikso
aku seng ndadekne aku dadi sekarat
lan di gowo menyang rumah sakit nanging nyowoku
wis lewat
Mulo iku pemberitaan meritakne aku lan berita iku dadi
perhatian utowo viral lan yebabake sak nasional eroh kabeh marang beritoku ugo
kui masyarakat sak nasional bergerak ngritik pemerintah marang pelanggaran HAM
seng nyebabake masyarakat dadi sadar marang seng tak gerakne
Barunu aku tangi meneh amergo sing takalami mau.aku baru
iling lek aku arep demo sing liwat dalan sing tak impeni mau amergo aku nduweni
moto ke 6 iso ndeloj masa depan
nanging aku nduweni pilihan aku demo koyok seng tak critakne yaiku aku mati lan
wong dadi sadar opo seng takarepne utowo aku ura melu demo tapi aku urip tapi
ora onok kesadaran marang masyarakat
Weh yuda bikin blog wkwkw
BalasHapus